Selasa, 22 Mei 2012

SYI’IR “TANPO WATON” (SYI’IR GUS DUR)


SYI’IR “TANPO WATON” (SYI’IR GUS DUR)
KARYA GUS NIZAM ASH-SHOFA
No.
Bait
No.
Bait
1
أسْتغْفِرُالله رَبّ البَرََايَا*
 أسْتغْفِرُالله مِنَ الخَطَايَا
رَبِّ زِدْنِي عِلْمًا نَافِعَا*
وَوَفِّقْنِي عَمَلاًصَالِحَا
يَارَسُوْلَ الله سَلاَمٌ عَلَيْك*
يَارَفِعَ الشَانِ وَالدَّرَجِ
عَطْفَةً يّاجِيْرَةً العَالَمِ*
(يَا أهَيْلَ الجُوْدِ وَالكَرَامِ 2×)
2
Ngawiti ingsun nglaras syi’iran,
Kelawan muji maring Pengeran.
Kang maring rohmat lan keni’matan,
(Rino wengine tanpo pitungan 2x)

3
Duh bolo konco priyo wanito,
Ojo mung ngaji syari’at bloko,
Kor pinter dongeng, nulis lan moco,
(Tembe mburine bakal sangsoro 2x)
4
Akeh kang apal Qur’an hadits e,
Seneng ngafirke marang liyane,
Kafire dewe gak digatek-ke,
(Yen isih kotor ati akale 2x)
5
Gampang kabujuk nafsu angkoro,
Ing pepaese gebyare dunyo,
Iri lan meri sugihe tonggo,
(Mulo atine peteng lan nisto 2x)
6
Ayo sedulur jo nglale-ake,
Wajibe ngaji sak pranatane,
Nggo ngandelake iman tauhide,
(Baguse sangu mulyo matine 2x)
7
Kan aran sholeh bagus atine,
Kerono mapan seri ngilmune,
Laku thoriqot lan ma’rifate,
(Ugo haqiqot manjing rasane 2x)
8
Al-Qur’an qodim wahyu minulyo,
Tanpo tinulis biso diwoco,
Iku wejangan guru waskito,
(Den tancepake ing njero dodo 2x)
9
Kumantil ati lan pikiran,
Merasuk ing badan kabeh jeroan,
Mu’jizat Rosul dadi pedoman,
(Minongko dalan manjinge iman 2x)
10
Kelawan Alloh Kang Maha Suci,
Kudu rangkulan rino lan wengi,
Ditirakati diriyadlohi,
(Dzikir lan suluk jok nganti lali 2x)
11
Uripe ayem rumongso aman,
Dununge roso tondo yen iman,
Sabar narimo najan pas-pasan,
(Kabeh tinakdir saking Pengeran 2x)
12
Kelawan konco, dulur lan tonggo,
Kang podho rukun ojo dursilo,
Iku sunnahe Rosul kang mulyo,
(Nabi Muhammad panutan kito 2x)
13
Ayo nglakoni sekabehane,
Alloh kang bakal ngangkat derajate,
Senajan asor toto dhohire,
(Ananging mulyo maqom drajate 2x)
14
Lamun palastro ing pungkasane,
Ora kesasar ruh lan sukmane,
Den gadang Alloh swargo manggone,
(Utuh mayite ugo ulese 2x)
15
يَارَسُوْلَ الله سَلاَمٌ عَليْك
يَارَفِعَ الشَانِ وَالدَّرَجِ
عَطْفَة يّاجِيْرَةً العَالَمِ
 (يَا أهَيْلَ الجُوْدِ وَالكَرَامِ 2×)



1 komentar:

  1. Titanium Fishing Pliers
    TIPSTER TIPSTER TIPSTER TIPSTER guy tang titanium toner TIPSTER TIPSTER TIPSTER TIPSTER seiko titanium watch TIPSTER TIPSTER t fal titanium TIPSTER TIPSTER titanium nose jewelry TIPSTER TIPSTER TIPSTER TIPSTER TIPSTER remmington titanium TIPSTER TIPSTER TIPSTER TIPSTER TIPSTER TIPSTER TIPSTER TIPSTER TIPSTER TIPSTER

    BalasHapus